Cita-cita Sing Urung Butul

Toko Kirana: Cita-cita Sing Urung Butul
Daripada saya bungung mau nulis apa, mendingan saya share artikel (lama) tulisan suami saya. Tulisan ini unik karena pake bahasa ngapak, bahasa yang saya gunakan sehari-hari. Isinya berkaitan dengan hal yang lagi hot: PILKADA SERENTAK. Mari disimak:

“Ujarku arep dadi negara maju, makmur, sejahtera lair batin rakyate, ora mung wong elit. Jebul mung kaya kiye, pada bae, malah lewih ora genah”

Kira-kira kaya kuwe kalimat-kalimate wong "ngapak" nanggepi kahanan bangsa sing tambah ora genah seka bar reformasi 1998. Inyong ya dadi melu mikir, bener ujar-ujar kae mau. Siki deleng bae, nang masa orde baru sing korupsi kur siji tok. Lha siki jajal, kasuse aben wulan mesti ana. Gonti-ganti pelaku lan proyeke. Lha mbiyen sing korupsi kuwe mung eksekutif, siki malah legislatif melu-melu. Masalah kesejahteraan sing dadi ngimpine rakyat kabeh, ya tetep dadi ngimpi. Sing duwe motor, gedong maen, mobil, lan hape canggih si tambah akeh, nanging utang alias kridit dit dit. Urung masalah pengangguran. Siki arep golet kerja rasane angel banget. Lawong inyong sing wis lulus sarjana nem tahun seprene esih urung duwe pahalan sing ajek. Disusul adik-adik kelas sing amben taun pada lulus, tambah akeh pengangguran. Upamane ana kerjaan ya paling sing ora sesuai karo jurusane, utawa bayarane ora sesuai karo kebutuhan hidup layak.

Nang tengah kahanan sing kaya kuwe, keton masalah liya sing ora kalah medeni. Kriminalitas lan tindak kekerasan nambah akeh. Perampokan, pembunuhan, pemerkosaan, lan pencurian ningkat kasuse nang endi papan. Urung sing masalah penipuan, makin dina makin marekna ngelus dada. Masalah degradasi moral uga dadi panganan mben wektu. Jajal dimatna, bangsane dewek kaya wis kelangen budaya ketimuran. Unggah-ungguh, ramah tamah, grapyak, gotong royong, tepa slira, ulet, disiplin, setia kawan, lan iman sing teguh wis makin langka. Terus jere ben diarani modern, budaya kae mau diganti karo budaya sing jere up to date, ngonoh disebutna dewek. Kecintaan maring budaya lan kearifan lokal uga makin tipis. Siki ora usah adoh-adoh. Bocah enoman Banyumas lan sekitare sing esih gelem ngomong basa ngapak sapa? Terutama sing wis pada dadi mahasiswa sing jere pinter-pinter. Mesti pada isin nek pada ngomong ngapak. Eh malah siki pada lewih seneng nganggo basa ‘alay’ sing jere lewih gaul. Padahal nek dewek sadar, makin adoh bangsa seka budaya lokalnya, makin gampang dijajah. Asumsine sederhana banget, nek bocah gampang melu-melu kan berarti ora duwe prinsip sing teguh, gampang terpengaruh. Nek bocah gampang terpengaruh kan gampang dilemboni. Ya mbok? Nah, nek esih dadi rakyat bae wis gampang dilemboni, nek upama kepilih dadi pemimpin ya sifate kegawa, makin gampang dibodoni, dilemboni bangsa asing sing niat njajah. Makane pak presidene dewek sing lagi hobi ‘blusukan’ tiru-tiru gubernure, senenge ya manut bae maring asing. Walopun wis delombo waras ujur, sumberdaya alame dewek “dirampok” ya meneng bae. Apa mbasanu seneng sebab meneng-meneng melu “mangan” hasile?

Ibarat lagi mlaku, bangsa Indonesia siki lagi mlebu terowongan sing dawa tur peteng ndedet. Nah, rakyate dewek siki bisa diarani ana werna telu golongane. Pertama, ana wong sing duwe paham “romantisme”. Wong sing mlebu golongan kie, senenge ndeleng maring mburi. Ujar-ujare dewek wis ra duwe masa depan, ngertine dalan nang mburi padang, dadi kepengin mbalik maning maring mburi. Inyong tau weruh gambar nang mburi trek. Gambare mbah Harto mesem, ana tulisane, “kepriben sedulur? jamane inyong lewih penak mbok?”. Nah sing masang gambar kuwe mesti wong golongan kie. Golongan ke loro, kue sing alirane “pragmatisme”. Wong golongan kie biasane rumangsa kahanan peteng ndedet bakalan suwe banget. Dadi pikirane mung wedi lan kawatir bae. Saking wedine, deweke dadi pasrah karo wong sing dianggep bisa nuntun aring masa depan sing padang. La cilakane, sing dipasrahi awak malah arep njrumusna aring kuburan. Nek dewek duweni pikiran makmu maring negara barat sing jere luwih maju, dewek kuwe wis mlebu golongan kie. Golongan ke telu utawa sing terakhir kuwe sing paling pinter lan cerdas. Arane golongan “optimisme”. Kie wong sing percaya dene kahanan peteng ndedet kie mung dalan sing kudu dilewati ben bisa gutul aring panggonan sing lewih padang timbang sedurunge. Panggonan sing lewih jembar lan kepenak. Dadi wong golongan kie pada wani mlayu, ora gampang percaya aring wong asing sing urung mesti apik atine. Sing ana nang pikirane mung kerja keras gutul tujuane kasembadan.

Nah, siki jajal ditakokna maring awakmu dewek, koe termasuk golongan sing endi? Sing ngerti ya awakmu dewek. Tapi sing jelas dewek esih duwe pilihan. Milih dadi wong sing klebu golongan nomer pira. Miliha sing bener. Miliha sing pinter lan cerdas. Ben negara lan bangsane dewek dadi negara sing kaya dicita-citakan para pahlawan. Gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Ben cita-cita revolusi ’45 lan reformasi ’98 ora tambah adoh. Tambah angel diwujudna. Dewek duwe tanggung jawab gedhe maring anak putu. Nek salah milih, terus nyengsarakna anak putu, dosane nglewihi ora sholat setahun, jere kyai Slamet.

La terus bar kuwe kari ngapa? Mumpung kie lagi arep mangsan “PIL” (Pilkades, Pilbup, Pilgub, Pilpres, PEMILU), inyong arep ngomong. Kuwe hak pilihe dewek pada dienggo apik-apikan. Kudu emut, dewek kue milih pemimpin, udu adol suara. Soale kie kanggo nentukna masa depane dewek. La nek mung di dol rongpuluh apa seket ewu, berarti masa depane dewek murah banget. Masa wektu limang tahun masa depane dewek mung diregani semana. Nek inyong ya emaoh nganggo banget lah. Aku seneng karo ujar-ujar, “aja ngawur milih sing muwur”. Kue ujar-ujar sing bener, soale nek calon sing muwur artine ya memang ngawur lah. Nek dadi calon wis muwur ya mesti nek kepilih pikirane mbalekna modal. Ora adoh-adoh seka kuwe. Ora bakal mikir kejejahteraan rakyat. Apamaning mikir, kemutan rakyat be kayane ora.

Mula sedulur, aja pada dadi keblinger. Milih ya nganggo petung. Aja asal milih. Dideleng ndisit calone. Pilih sing paling apik. Dasare mung werna loro lah. Pertama, piliha calon pemimpn sing bermoral, duwe integritas lan rekam jejak sing apik. Sing keloro, piliha pemimpin sing cerdas lan pinter, duwe konsep tentang masa depan. Dadi visi misi kuwe penting. Arep digawa maring endi rakyate, kudu jelas. Nek cara kyai Tohari, “Piliha calon pemimpin sing FAST. Calon peminmpin sing duwe gerakan cepet, tanggep maring masalah sing diadepi rakyate. Sing Fatonah (cerdas), Amanah (bisa dipercaya), Sidiq (jujur), lan Tabligh (berani menyampaikan kebenaran)”.

Tanda-tanda pemimpin sing amanah kue kesenjangan sosial ekonomi rakyate ora beda adoh. Sing paling sugih lan sing paling kere, sing paling duwur lan sing paling endep jabatane, jarake mung sepetil. Ora lewih seka sekilan.

Kesimpulane, kanggo nyempurnakna cita-cita sing ketunda ana werna loro sing kudu dilakoni dewek bareng-bareng selaku rakyat. Pertama, milih posisi sing pas ya iku mau dadia golongan wong sing optimis. Sing yakin dene bangsa Indonesia tesih duwe masa depan cerah luwih cerah seka masa lalu. Terus bekerja keras mujudake cita-cita. Ora gampang kegoda dadi bangsa sing mung bisa melu-melu thok. Makane kudu nguripna kreatifitas lan inovasi, bangga karo produk dalam negeri, lan njunjung duwur kebudayaan lan kearifan lokal. Sing ke loro, ya kudu milih pemimpin sing berkualitas, aja asal sing aweh duit. Inyong percaya, nek loro-lorone dilakoni karo mantep, istiqomah, kahanan peteng kie ora bakal suwe. Dela maning negara Indonesia dadi negara sing gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. []

Demikian tadi artikel berbahasa ngapak. Unik bukan? Jangan lupa baca artikel saya yang lain:




Kali ini saya juga tetap menawarkan barang. Kan memang saya penjual. hehehe... Order botol unik keluaran tuppy yuk. Namanya "ECO BOTTLE SQUARE". Satu set terdiri dari 4 botol berukuran 500 ml. Harganya 225 ribu saja.

Produk unik dari Tupperware untuk wadah air minum anda. Agar anda tak kekurangan cairan, sangat penting untuk selalu membawa botol air minum ini kemanapun anda pergi. (Baca: Manfaat Minum Air Putih). Dengan ukuran 500 ml dan warna yang berani, anda akan terlihat trendy. Ordernya di pin:7DE75905. Jangan lupa ya. Ditunggu... See you



Rp.255.000,00

Related product you might see:

Share this product :

Post a Comment

 
Support : Iklan Baris | Top 3 | AT Society | NC
Copyright © 2011. Toko Kirana - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger